Atur Pambuka
Assalamu ‘alaikum wr. Wb.
Kasugengan, kesarasan, dalah sih nugrahaning Alloh SWT mugi tansah kajiwo kasariro dumateng panjenengan sedaya dalasan kulo, amien. Jinurung raos pengin majengaken dusun mila kanthi media internet punika kula sedya ndamel blog saperlu nepangaken menggah samukawis bab ingkang gegayutan kaliyan dusun, maliginipun tumrap sakukuban tlatah Ngak inguk Pucanganom Giritontro kabupaten Wonogiri. Mboten ateges nalingsir menawi atur pambuka punika mawi basa Jawi, jalaran samangke budaya daerah kirang pikantuk kawigatosan ingkang murwat menggahipun dening generasi kaneman. Sanesipun punika lumantar basa Jawi ngiras pantes kangge ngasah lan nggegladhi murih saget ngecakaken basa minangka budaya kang adiluhung. Wusana mugi-mugi dusun Ngak inguk Pucanganom sak kiwo-tengenipin sageta ngrembaka kemajenganipun sahingga mboten tinilar dening sanesipun. Mekaten mugi dados kawigatosan para sedherek sedayanipun.
Wassalaamu ‘alaikum wr. Wb.
NB:
Selajengipun mugi katuran dipun komentari, menopo dene dipun share ing facebook utawi twitter, matur nuwun
Salam ta'lim saking kulo
Mas Fata